GEGURITAN
Cerita Saka Manca
ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi
kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
Babad Wedhi Pasisir
Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar
PIWULANG 1
PAWARTA
1. Definisi
Pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang
diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik.
Kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing
ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu (gempa bumi), perang, rudapeksa
(pemerkosaan), banjir, lan liya-liyane.
2. Jinis
Pawarta
- Pawarta Dadakan
Pawarta
dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena
dipesthekake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan
liya-liyane.
- Pawarta Ndinan
Pawarta
ndinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane wis dimangerteni
sadurunge. Tuladha: pembukaan
sekolah anyar, kunjungan presiden ing Batang, lan liya-liyane.
- Pawarta Crita
Pawarta
crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake
objek kang nengsemake/human interest.
Pawarta iki diwedharake mung kanggo hiburan utawa selingan. Tuladha: crita
objek wisata, crita bab kesenengan/hobby, lan liya-liyane.
3. Perangan
Pawarta
a. Sesirah
Sesirah
yaiku perangan pawarta kang dhisik dhewe, biasane mung ditulis nganggo
tembung-tembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane.
b. Angle/Ringkesan
Angle
yaiku ukara kang nggambarake ringkesane isi pawarta, biasane ditulis kandel ing
sangisore sesirah.
c. Isi Pawarta
Isi pawarta yaiku ukara-ukara kang njlentrehake pratawa
ngenani apa, ana ngendi lan kapan kadadeyan iku dumadi.
d. Gambar
Gambar yaiku perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa
kadadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing media cetak awujud foto, lan ing
media elektronik awujud video.
e. Sumber
Sumber yaiku mujudake pawongan kang menehi katerangan
utawa komentar marang dumadine prastawa iku. Sumber bisa mujudake seksi tumrap
kadadeyan, utawa pihak kang nduweni kewajiban kanggo nuntasake kadadeyan iku.
Tuladha
1. Pawarta Dadakan
Prawan Ayu
Ditemokake Tiwas lan Ora Nganggo Busana ing Jembatan Kecepak
Prawan ayu 18 taun ditemokake tiwas lan ora nganggo
busana sethithik-thithika ing cedhake kreteg Kecepak, Batang. Prawan iku dinuga dipateni sakwise dirudapeksa dening
sawijining nom-noman.
Ing ngisore bruk iki lokasi ditemokake korban
|
nyalawadi. ”Barang iku langsung tak parani amarga aku
penasaran, jebul jisime menungsa,” kandhane Garry. Sawise weruh menawa barang
iku awujud mayit, Garry dikancani warga lan lurah Kecepak Samuel, 32, banjur
lapuran menyang Polres Batang.Amarga sigape aparat Polres Batang, mung
merlokake wektu rong dina kanggo miyak wadi sapa satemene kang wis tega
mateni prawan kang ayu banget iku.
Sawijining staf bareskrim Polres Batang ngandhakake
menawa tiwase bocah wadon iku ana
|
gandheng cenenge karo bocah lanang kang arane Richard,
kang dinuga nduweni rasa seneng marang Shandra. ”Amarga Shandra ora gelem
nampa tresnane Richard, dheweke banjur ngrudapeksa Shandra sadurunge
dipateni,” mengkono manut katrangane staf iku.
Sawetara wektu iki Richard isih dadi buron, amarga
rikala petugas nggoleki menyang omahe ing desa Lawang Aji, dheweke ora ana.
Dene wong tuwa Richard mung pasrah nalika anake ngalami kadadeyan kang kaya
mengkono iku. (Chy)
|
|
BATANG- Prawan ayu kang
diweruhi arane Shandra ditemokake tiwas lan ora nganggo busana
sethithik-thithika ing sisih kidul etan kreteg Kecepak, Batang rikala dina
Jemuwah 1 Januari 2010. Manut pamariksane
polisi, prawan kang umure udakara 18
|
taun iku dipateni sakwise dirudapeksa.
Garry William, 54, salah sawijine warga Kecepak sing
pisanan meruhi jasad korban Setu (2/1) esuk kira-kira jam enem-an ngandharake
menawa wektu iku nalika arep adus ing kali kono, dheweke weruh barang kang
|
||
2. Pawarta Ndinan
JEKSA NJALUK MUNDHAK GAJI
Jakarta, PS.
Jaksa Agung Hendarman Supandji nalika rapat dengar pendapat karo Komisi III
DPR, Senen (9/11) mratelakake, kanggo nyegah praktek dol tinuku perkara
antarane jeksa karo pihak sing kesangkut kasus hukum, anggarane kejaksaan kudu
diundhakake. Awit kanggo nindakake reformasi ing lembaga kejaksaan, Hendarman
mbutuhake anggaran Rp 10 triliun. Manut Hendarman, taun iki anggaran kejaksaan
kepetung sethithik, yaiku Rp 1,9 triliun. Winatese anggaran mau ngambet marang
winatese karaharjaning jeksa. Temahane saperangan jeksa padha nindakake praktek
kang asor kanthi dol tinuku perkara.
Ketua Komisi III DPR Benny K. Harman ngandharake, DPR wis
nyarujuki usule pamarentah yen taun ngarep anggaran kejaksaan mundhak dadi Rp
2,5 triliun. Benny ora nampik yen kanggo njejegage hokum dibutuhake
undhak-undhakan anggaran. Mung wae undhak-undhakan mau kudu dicundhukake klawan
kahanan dhuwite Negara. Sok mengkonoa, kandhane Benny, gaji cumpen ora kena
kanggo alas an tumrap jeksa kanggo nindakake dol tinuku perkara. Benny ngajap
mundhake anggaran mau diimbangi karo undhak-undhakane kinerja kejaksaan. (Rep)
3. Pawarta Crita
Wisatawan Mancanegara Wis Padha
Mangerteni Anane Museum Bathik ing Pekalongan
Dening: Ani Devi
Ariyanti, Erlangga, Intan Wahyuning Sari, lan Saiful Arif
Museum Bathik
Pekalongan
Pekalongan, SP- Museum Bathik Pekalongan ing Jalan
Jatayu No. 1 Pekalongan, Jawa Tengah, mujudake salah sawijining panggonan
kanggo plesir ing preinan wulan pasa, supaya bisa nambah wawasan ngenani budaya
Indonesia.
Museum Bathik iki minangka bangunan peninggalan kolonial
Walanda kang mbiyen mujudake Kantor Keuangan Pabrik Gula, lan dibangun taun
1906. Ananging, wiwit tanggal 12 Juni 2006, bangunan iku didadekake Museum
Bathik dening Yayasan Kakin, lan diresmekake langsung dening presiden Susilo
Bambang Yudhoyono.
Museum iki nduweni koleksi kurang luwing 1002 warna
bathik kang asale saka saknuswantara. Saben petang wulan pisan, panatane kain
bathik ing saben pajangan dipindhah panggonan, tujuwane supaya ora mboseni tumrap
wong-wong kang teka ing museum.
Ing museum bathik iku, kita bisa niti pirsa sakkabehe
corak bathik kang dipajang, kita uga bisa takon babagan bathik marang petugas,
malah uga diparengake njajal carane mbathik, utawa belanja souvenir.
Tumekane dina iki, wis akeh wisatawan mancanegara lan
pribumi kang nekani museum iku.
(Tugas Basa Jawa dening Ani Devi Ariyanti, Erlangga, Intan Wahyuning Sari,
lan Saiful Arif, Kelas XII IPA-2, SMA Negeri 1 Batang)
Tugas
Goleka tuladha
pawarta dadakan, pawarta ndinan, lan pawarta crita saka koran utawa majalah,
banjur ringkesen ing buku cathetanmu!
Wangsulan:
----------------------------------------------------------------------------------------------------------
----------------------------------------------------------------------------------------------------------
----------------------------------------------------------------------------------------------------------
----------------------------------------------------------------------------------------------------------
----------------------------------------------------------------------------------------------------------
|
PIWULANG 2
Macapat
Tembang macapat cacahe ana sewelas. Urut-urutan tembang macapat padha karo lelakoning
manungsa mulai saka bayi nganti tumekaning pati. Urut-urutan tembang macapat
yaiku kaya ing ngisor iki:
1. Maskumambang: nggambaraké jabang bayi sing
isih ana ing njero kandhutan ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon,
Tembung mas tegese durung weruh lanang utawa wadon, lan tembung kumambang
tegese uripé ngambang ing sajroning kandhutan ibuné.
2. Mijil:
tegese wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
3. Sinom:
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom
supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4. Kinanthi: asale saka tembung kanthi utawa
nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam
ndonya.
5. Asmarandana: tegese rasa tresna, tresna
marang liyan (priya lan wanita utawa kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi
kodrat Ilahi.
6. Gambuh: saka tembung jumbuh/sarujuk kang tegese yèn wis
jumbuh/sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni
rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dhandhanggula: nggambaraké uripé wong kang
lagi seneng-senengé, apa kang digayuh wis bisa kasembadan. Kelakon duwé
sisihan/bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang
lagi bungah/bombong atine, bisa diarani lagu ndhandhanggula.
8. Durma:
asale saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur
tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan,
mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha-padha. Kabèh mau
disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosial manungsa.
9. Pangkur: asale saka tembung mungkur kang
ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh
marang sapadha-padha.
10. Megatruh: asale saka tembung megat roh
utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring
Sing Maha Kuwasa.
11. Pocung: Yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori
putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Kanggo
mbédakaké siji lan sijiné guru gatra (baris), guru wilangan (suku kata) lan
guru lagu (bunyi suku kata terakhir setiap baris) saka tembang-tembang mau,
bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar Macapat
|
|||
1. Maskumambang
|
4
|
12, 6, 8, 8
|
i, a, i, a,
|
2.
Mijil
|
6
|
10, 6, 10, 10, 6, 6
|
i, o, e, i, i ,u
|
3. Sinom
|
9
|
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
|
a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
|
4.
Kinanthi
|
6
|
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
|
u, i, a, i, a, i
|
5.
Asmarandana
|
7
|
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
|
a, i, e, a, a, u, a
|
6.
Gambuh
|
5
|
7, 10, 12, 8, 8
|
u, u, i, u, o
|
7.
Dhandhanggula
|
10
|
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
|
i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
|
8.
Durma
|
7
|
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7,
|
a, i, a, a, i, a, i
|
9. Pangkur
|
7
|
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
|
a, i, u, a, u, a, i
|
10.
Megatruh
|
5
|
12, 8, 8, 8, 8
|
u, i, u, i, a
|
11. Pucung
|
4
|
12, 6, 8, 12
|
u, a, i, a
|
1. Maskumambang
Nadyan silih bapa biyung kaki nini 12-i
Sadulur nyang sanak 6-a
Kalamun muruk tan becik 8-i
Nora pantes yen den nuta 8-a
2. Mijil
Dipun nedya prawira ing batin 10-i
Nanging aja katon 6-o
Asesana yen durung mangsane 10-e
Kekendelan ja wani manikis 10-i
Maweka ing batin 6-i
Den samar ing semu 6-u
3. Sinom
Nulada laku utama 8-a
Tumrape wong tanah Jawi 8-i
Wong agung ing eksi ganda 8-a
Panembahan Senapati 8-i
Kepati amarsudi 7-i
Sudane hawa lan nepsu 8-u
Pinepsu tapa brata 7-a
Tanapi ing siyang ratri 8-i
Amemangun karyen nak tyas ing sasama 12-a
4. Kinanthi
Padha gulang ning kalbu 7-u
Ing sasmita amrih lantip 8-i
Aja pijer mangan nendra 8-a
Kaprawiran den kaesti 8-i
Nesunen sarira nira 8-a
Sudanen dhahar lan guling 8-i
5. Asmaradana
Padha netepana ugi 8-i
Kabeh paring taesara 8-a
Terusna lair batine 8-e
Shalat limang wektu uga 8-a
Tan kena ditinggala 7-a
Sapa tinggal dadi gapuk 8-u
Yen maksigremen neng braja 8-a
6. Gambuh
Sekar gambuh ping catur 7-u
Kang cinatur polah kang kelantur 10-u
Tanpa tutur katula-tula katali 12-i
Kedaluwarsa katutuk 8-u
Kepatuk pan dadi awon 8-o
7. Dhandhanggula
Ana kidung rumeksa ing wengi 10-i
Teguh ayu luputa ing lara 10-a
Luput ing bilahi kabeh 8-e
Jin setan datan purun 7-u
Paneluhan tan ana wani 9-i
Miwah panggawe ala 7-a
Gunane wong luput 6-u
Geni atemahan tirta 8-a
Maling arga tan ana ngarah mring kami 12-i
Nujun duduk pan sirna 7-a
8. Durma
Wringin sungsang wayah ira tumaruna 12-a
Ngaudi awak mami 7-i
Lan dinut ing bala 6-a
Pinacak kekembaran 7-a
Pepitu jajar maripit 8-i
Asri yen siyang 5-a
Angker kalane wengi 7-i
9. Pangkur
Mingkar mingkuring angkara 8-a
Akarana karnaning mardi siwi 11-i
Sinawung resmining kidung 8-u
Sinuba sinukarta 7-a
Mrih kretarta pakartining ngilmu luhung 12-u
Kang tumrap neng tanah Jawa 8-a
Agama agemiming aji 8-i
10. Megatruh
Kang rahayu budine aja takabur 12-u
Aja dumeh yen den siwi 8-i
Aja dumeh yen gemunggung 8-u
Aja dumeh den wedeni 8-i
Aja dumeh yen den raya 8-a
11. Pocung
Ngilmu iku kalakone kanthi laku 12-u
Wekase lawan kas 6-a
Tegese kas nyantosani 8-i
Setya budya panetesing dur angkara 12-a
PIWULANG 3
Skenario
1. Definisi
Skenario yaiku rantaman utawa
ringkesan lakon sandiwara, drama, film, lan sinetron. Skenario utawa naskah iku
kadadean saka babak-babak.
Saben babak, biasane dibagi
perangan-perangan kang diarani adhegan, lan adhegan iku perangane babak kang
diwatesi dening owah-owahane swasana, papan, lan gentine utawa tekane paraga
liya.
Ing sajroning skenario ana
istilah kang diarani pandom, yaiku perangane naskah kang nerangake
kahanan/swasana, sipat lan tingkah lakune paraga, lan liya-liyane. Biasane,
pandom iku ditulis ing antarane tandha kurung.
Menawa arep gawe skenario sing
asale saka sawijine crita prosa, kita kudu ngowahi wujud crita saka prosa iku dadi
dialog.
2. Tuladha Skenario
Tarno mlebu. Ambegane ngos-ngosan, kringete pating kleler,
|
||
Yani
|
:
|
Kowe saka ngendi, Tarno? Kok
mlayu-mlayu lan ambeganmu ngos-ngosan.
|
Bambang
|
:
|
Iya, ana apa, No?
|
Tarno
|
:
|
Saka omahe Pak Bardi. (Isih karo ngos-ngosan)
|
Yani
|
:
|
Leren dhisik, lan ambegane
ditata!
|
Bambang
|
:
|
Yan, jupukna banyu putih!
|
Tarno
|
:
|
(ngombe banyu putih kang dijupukake Yani)
|
Bambang
|
:
|
Wis, saiki critakna kadadeane kanthi
alon-alon!
|
3. Pentas Drama
Pentas drama yaiku mraktekake
utawa maragakake skenario/naskah nganggo piranti-piranti kang nyata. Drama meh
padha karo film, bedane menawa ing sajroning pementasan drama ora bisa
diendhek, yen ana kesalahan ing sajroning pentas iku, paraga kudu bisa gawe improvisasi dhewe. Nanging menawa ing
film bisa diendhek, amarga proses gawe film iku nganggo kamera, yen ana sing
salah bisa dibaleni shooting maneh.
Drama uga bisa dipadhakake karo teater, mung bae teater iku cakupane luwih
amba.
Yen arep mentasake sawijining
drama, kudu nemtokake:
- Latar lan Panggung
Latar yaiku
papan lan wektu. Papan lan wektu ing drama kudu cocok karo critane. Upamane
crita Diponegoro, panggonane ana ing Jogjakarta
(bisa neng jero omah utawa neng medhan gerilya),
ing antarane taun 1825-1830.
Dene panggung
yaiku papan kanggo pentas drama kang digawe kanthi nggambarake latar. Jenis
panggung ana loro: (1) Panggung Realis,
yaiku panggung nggunakake property
kang nggambarake suasana padha karo ing crita skenarione. Ing panggung realis bisa digunakake backdrop, yaiku kain kang ana gambare
kang bisa digulung utawa diunggah-udhunake lan mbentuk latar belakang panggung, lan (2) Panggung Abstrak, yaiku panggung nggunakake perlengkapan apa anane utawa simbolik.
- Alur
Alur yaiku
lelakoning crita. Alur iki isine konflik
antarane tokoh siji lan sijine, antara tokoh ala lan becik.
- Blocking
Blocking mujudake gerak lan pindhahe
para paraga ing ndhuwur panggung. Gerak lan pindhahe paraga siji lan liyane
kudu padha-padha bisa menehi panggonan, supaya menawa ditonton dening audien ora ana paraga sing ketutupan
dening paraga liyane.
Pentas drama dening Teater Hampa Indonesia
|
- Tata Busana lan Make Up
Busana utawa
kostum kang dienggo dicocokake karo paraga/pelakune. Upamane ana pelaku bocah
sekolah, busanane ya kudu nganggo seragam sekolah komplit karo nggawa tas lan
alat tulis. Menawa peran polisi, ya luwih becik nganggo seragam polisi. Nanging
menawa ing drama komedi, busana iku
ora kudu dicocokake karo paragane.
Make Up yaiku saperangkat alat kanggo
ngubah penampilan wajah wong kang dadi paraga ing drama.
Upamane ing naskah ana peran wong tuwa, nanging calon paragane ora ana sing
tuwa, mula fungsi make up iku dienggo ndandani rai calon
paraga iku supaya katon tuwa.
- Lampu (Lighting)
Lampu utawa lighting iku digunakake kanggo
pementasan drama menawa dimainake ing wayah wengi. Werna lampu kang dienggo ing
pementasan drama bisa akeh kayata: abang, kuning, biru, ijo, lan liya-liyane.
Werna lampu iku saliyane kanggo penerangan lan nambah daya estetika uga kanggo nggambarake suasana crita. Padhang-petenge
lampu bisa diatur nganggo alat setelan lampu dimmer.
Lampu
kanggo pentas drama/teater
|
Dimmer
|
- Musik
Musik ing drama
iku dumadi saka suara-suara kang diasilake saka alat musik modern utawa alat
musik tradhisional/gamelan, kayata: gitar, biola, suling, gong, lan
liya-liyane. Alat musik uga bisa digawe saka barang-barang apa anane, kayata:
gelas, piring, botol, lan liya-liyane. Suara musik mesthine dicocokake karo
suasana adhegan, menawa adhegane sedhih musike uga kudu sedhih. Menawa adhegane
seneng ya musike kudu sing seneng.
- Perlengkapan/Property
Perlengkapan
kang dienggo ing sajroning pementasan drama iku bisa komplit utawa bisa sak
anane bae, dicocokake karo panggunge. Latar belakang/background bisa digawe nyata utawa simbolik. Perlengkapan kang biasa dienggo ing sajroning pentas
drama kayata:
- Level, yaiku kothak kanggo ngadeg paraga kang dhuwure kira-kira 40 cm, lan ukuran ambane ora ditemtokake,
- Meja lan kursi, luwih becik kang digawe saka kayu lan bobote entheng menawa arep dipindhah ora merlokake wektu kang suwe,
- Kembang, biasane kang wis urip ing ngepot.
- Gambar-gambar saperlune,
- Topeng, lan liya-liyane.
- Personil
Personil ing sajroning pentas drama iku
paling ora kudu ana:
- Sutradara, yaiku wong kang ngatur lakune drama wiwit saka latihan nganti pementasan. Sutradara uga kudu bisa milih personil-personil liyane,
- Tata Musik, yaiku wong kang mahir mainake musik kanggo suara latar (soundtrack) pementasan,
- Tata Lampu, yaiku wong kang tugase ngatur pencahayaan ing panggung,
- Tata Busana lan Make Up, yaiku wong kang nyiapake kostum kanggo paraga lan ndandani penampilan wajah paraga,
- Tata Panggung lan Property, yaiku wong kang tugase nyiapake panggung lan mindhah barang-barang kang ana ing ndhuwur panggung ing saben ganti adhegan,
- Pelaku utawa paraga, yaiku ana gegayutane karo watak. Sing kudu diterangake nalika nemtokake pelaku yaiku: jeneng, umur, lanang utawa wadon, ciri fisik (kayata rambut, warna kulit, pawakan, lan sapiturute), kalungguhan utawa jabatan (raja, kawula, abdi, lan sapiturute). Sajroning milih paraga (casting), sutradara kudu bisa milih calon paraga supaya jumbuh karo paraga kang arep dilakoni, nanging ing drama komedi bisa kosok balene.
- Sinopsis
Sinopsis mujudake ringkesan skenario lan
paraga, sarta kru sing mainake drama,
biasane digawe kaya brosur/selebaran.
Tujuan sinopsis iki kanggo narik
kawigatene wong supaya nonton pementasan drama. Tuladha sinopsis kaya ing ngisor iki:
TEATER XI IPA SMANTANG
MéNTASAKé:
sang pemimpi
(Naskah: Andrea
Hirata)
Ikal mujudake paraga
alteregon penulis yaiku Andrea
Hirata, dene Arai minangka sedulur adoh sing wis yatim piatu lan diarani simpai keramat amarga sawijining
anggota kulawarga keri dhewe sing isih urip lan wusanane dadi sedulur angkat.
Lan Jimbron, bocah kang uga wis yatim piatu kang nduweni obsesi karo kewan jaran, lan menawa guneman kerep gagap.
Bocah telu iku dadi
kanca raket wiwit isih cilik nganti sekolah ing SMA Negeri Manggar, sekolah
kang dibangun dhisik dhewe ing Belitung
bagian wetan. Sadurunge mangkat sekolah, katelune nyambut gawe dadi kuli ing
pelabuhan iwak.
Crita diwiwiti saka
katelune kang nduweni rasa seneng lan ketagihan nonton film panas ing bioskop
nganti sawijining dina konangan guru ngajine, dibacutake crita asmarane Arai
lan Jimbron, perpisahan Jimbron karo Arai lan Ikal kang arep nerusake kuliah
ing Jakarta, Arai lan Ikal mengkone uga pisah nanging janji arep ketemu maneh
ing Negara Perancis. Urip mandhiri pisah saka wong tuwane kanthi donya kang
sarwa pas-pasan kanggo urip, nanging tetep nduwe cita-cita gedhe. Cita-cita
kang bisa disawang saka latar belakang
panguripan dheweke, yaiku mung sawijining impen.
|
PARAGA:
I k a l
(LAKSONO MARTADI)
Jimbron
(MA’RUF FIDARTO)
A r a i
(AHLIANDA RAHASTIAN)
Zakiah
Nurmala binti Berahim
(LELYANA OKTAVIA)
Pak Mustar M Djai’din BA
(AKMAL SETIAWAN)
Pak Drs. Julian Ichsan Balia
(PADAKA AJI BASUNDORO)
TATA MUSIK:
CHRISTOPHER WOLTER
GREGORY HANS EDWIN
FEBRI CINTYA MAHARANI
TATA LAMPU/LIGHTING:
RAKA PRAYESA
ADI PRASETYO
TATA BUSANA lan MAKE
UP:
RENJANA NUR IMANDA
HAFIZ IMAM MUSLIM
TATA PANGGUNG lan PROPERTY:
HARYANTO
SIDIQ SETIA AJI
M. MUYAMAMUN
SUTRADARA:
TIARA DEASYANTARI
|
PIWULANG 4
Seni, Tradhisi, lan Budaya
Indonesia
1. WAYANG
a. Wayang Kulit
Wayang kulit yaiku
seni tradhisi kang ana ing Jawa Tengah, Jawa Timur lan Bali. Wayang kulit
awujud boneka kang digawe saka kulit kewan diwenehi warna cet lan rupane kaya
manungsa. Paraga kang awujud wayang iku dimainake dening sawijining pawongan
kang diarani dhalang.
Wayang kulit
mujudake hiburan utawa tontonan kang digelar ing wayang wengi (sewengi muput).
Babagan kang ana ing
sajroning wayang kulit yaiu:
·
Kelir:
layar amba warna putih kang mujudake background/latar
belakang kanggo mainake wayang.
·
Blencong:
lampu minyak kanggo madhangi layar supaya wayang iku menawa ditonton saka
samburine layar bisa ngasilake ayang-ayang.
·
Mahabharata
lan Ramayana: cerita kang dimainake ing pagelaran wayang kulit. Paraga-paraga
ing cerita Mahabharata kayata: Pandhawa Lima (Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula,
lan Sadewa) lan Kurawa (Duryudana, Dursasana, Bambang Swatama, Durmagati,
Kartamarma, lsp.).
·
Sindhen/Waranggana:
pawongan kang nembang ing sajroning pagelaran.
·
Nayaga:
wong-wong kang nabuh gamelan (pelog lan slendro) ngiringi sindhen nembangake tetembangan.
Gambar
Wayang Kulit
b. Wayang Golek
Wayang golek yaiku
seni tradhisi kang ana ing Jawa Tengah lan Jawa Barat, awujud boneka kang
digawe saka kayu. Wayang golek uga dimainake dening dhalang, nanging ora
nganggo kelir, dadi pamiarsa ora nontong ayang-ayang, nanging bisa weruh
langsung wujude wayang iku.
Gambar
Wayang Golek
Babagan kang ana ing
sajroning wayang golek meh padha kabeh kaya ing wayang kulit. Saliyane cerita
Mahabharata lan Ramayana, ing pagelaran wayang golek uga dimainake cerita
Menak, yaiku cerita ngenani penyebaran agama Islam.
2. Tari
Barong
Tari barong yaiku
seni tradhisi kang asale saka Bali. Tari
barong digelar ing wayah esuk lan pagelaran iku mau dianakake ing ngarep lawang
pura. Cerita kang diangkat ing pagelaran tari barong yaiku Calon Arong, kang
nyritakake dharma (perkara kang apik)
mungsuh adharma (perkara kang ala).
Paragane awujud menungsa kang didandani dadi barong (tokoh sing apik) lan leak
(tokoh kang jahat). Tari barong uga diiringi nganggo gamelan komplit karo
nayagane.
Gambar
Tari Barong
3. Sintren
Sintren yaiku seni
tradhisi kang nggunakake mladhang (dhukun) kanthi jampi-jampi lan kebule kukus
menyan sarta tetabuhan, pemain/penarine wong wadon kang durung jejodhoan.
Menawa prawane wis
ora suci, pagelaran sintren ora bisa kaleksanan.
Sadurunge njoged,
penari dilebokake ing sanjerone kurungan pitik.
Sintren biasane
digelar ing wektu bengi ing wayah ketiga amarga kanggo nyepetake tibane udan.
Gambar
Sintren
4.
Tayub
Tayub utawa tayuban
yaiku kesenian rakyat kang awujud joged, kang ana ing Jawa Barat, Jawa Timur,
lan Jawa Tengah. Tayub nduweni sebutan warna-warna, yaiku
- ing Blora diarani Sindhir (Sindhiran),
- ing Pacitan diarani Janggrung,
- ing Banyumas diarani Lengger,
- ing Jawa Barat diarani Ronggeng,
- lan ing Banyuwangi diarani Gandrung.
- ing Bali uga ana joged meh padha karo tayub, kang diarani Joged Bumbung.
Ing sawijining pagelaran
tayub, ana 5 perangkat (unsur) kang ora kena dipisahake, yaiku:
(1)
Seniman
Joged (Pengibing, Penandhak) yaiku pambeksa priya sing ketiban sampur,
(2)
Seniman
Pengarih yaiku sawijining petugas sing diwenehi tugas ngawasi yen ana pangibing
sing tumindak kliwat wates, upamane nglanggar aturan main utawa nerak kausilan,
(3)
Seniman
Pengrawit yaiku pengrawit tembang nganggo seperangkat gamelan.
(4)
Juru
Beksa Putri, yaiku penembang/vokalis kairingi seperangkat gamelan.
(5)
Pangguyub
yaiku wong kang nduwe tanggung jawab sakabehe pagelaran.
Gambar
Tayub
5. Reog
Ponorogo
Reog Ponorogo
mujudake kesenian kanga asale asli saka Ponorogo, Jawa Timur. Paragane awujud
wong kang nganggo topeng macan, lan wong-wong kang numpak jaran kepang.
Cerita kang diangkat
ing sajroning pagelaran Reog Ponorogo dijupuk saka sejarah Kerajaan Bantarangin
(Ponorogo), kang diprentah dening Prabu Kelono Sewandono kang jaman semana arep
nglamar Dewi Sangga Langit saka Kediri. Ing tengah dalan, rombongan Prabu
Kelono Sewandono dicegat dening Singo Barong. Wusanane perang adu kasekten ora
bias dialang-alangi, nanging Singo Barong kalah, banjur gelem dadi abdine Prabu
Kelono Sewandono.
Piranti musik kanggo
ngiringi pagelaran Reog Ponorogo yaiku: kendhang, kenong, kempul, trompet,
gong, lan angklung.
Gambar
Reog Ponorogo
6. Jolenan
Jolenan yaiku
tradhisi merti/ngresiki desa kang ana ing Desa Somangari, Kecamatan Kaligesing,
Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah. Jolenan dianakake saben wulan Sapar rong
tahun pisan.
Gambar
Jolenan
Tradhisi jolenan
diwiwiti esuk, sarampunge jolen ditata lan didandani bareng ing lingkungan RT
utawa dhukuh dhewe-dhewe, banjur digawa menyang Balai Desa arep dikirab.
Sadurunge diarak mubeng desa, kabeh kelompok kesenian tradisional sing ana ing
Desa Somangari dipentasake dhisik ing ngarep kuburane Mbah Kedhono-Kedhini kang
mujudake leluhur warga desa.
Jolen isine tumpeng,
ingkung pitik, gemblong, lelawuhan, lan maneka warna jajanan liyane. Ing njaba
jolen isih ana woh-wohan sing ditata kaya gunungan.
7. Sekaten
Sekaten yaiku
tradhisi kang ana ing Ngayogyakarta lan Surakarta
kang dianakake saben tanggal 12 Rabi’ul Awal, yaiku kanggo mengeti wiyose Nabi
Muhammad SAW. Sekaten biasane digelar ing alun-alun kraton.
Ing tradhisi sekaten
ana tontonan:
- Tetabuhan gamelan (Kyai Sekati, Kyai Guntur Madu, lan Kyai Naga Wilaga),
- Wong dodolan endhog abang,
- Wong dodolan suruh kinang,
- Wong dodolan pecut,
- Wong dodolan sega gurih, lan
- Metune gunungan grebeg saka kraton kang mujudake sedekah Sri Sultan kanggo kawulane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar